Rabu, 22 Februari 2023

Silsilah Cilacap

KI AGENG SUTA CANDRA

Disalin oleh :
1. Harjo Suwito ( cucu Arsadikara / Penatus Jeruklegi )
2. Sumadi Arief Hartoyo (Buyut Arsadikara / Penatus Jeruklegi, cucu Arsadiwirya).

Putra Adeg Soka Kromo kaliyan Ki Ageng Jeruklegi. Ki Ageng Jeruklegi pikantuk titipan garwo selir Sampean Dalem Mataram, ingkang saweg wawratan pitung wulan, ingkang sinuwun Kanjeng Mataram ngendika, menawi mbenjang mbabar putra kaking supados dipun paringi asma : Ki Bagus Suta Candra

Sesampunipun Ki Bagus Suta Candra dewasa, dipun krama aken kalian putrinpun Ki Adil Gunung Jaya, Jeruklegi

Amargi sampean Dalem Kanjeng Mataram keagungan musuh inggih menika Adipati Bragolo ingkang mbalelo, milo menika utusan salah satunggalipun punggawa supados nimbali putranipun saking garwa selir ingkang wonten Gunung Jaya / Jeruklegi, inggih menika Ki Bagus Suta Candra supados merjaya Adipati Bragolo, Ki Bagus Suta Candra dipun kanteni prajurit katahipun 50 (seket) tiang.

Ki Bagus Suta Candra saged merjaya Adipati Bragolo lan ngnaturaken sirahipun Adipati Bragolo dumateng sampean Dalem Kanjeng Mataram. Sesampunipun Ki Bagus Suta Candra ngaturaken hasil karyanipun ugi buktinipun, Ki Bagus Suta Candra seda amargi tatu wonten lambung kiwa, saking pusakanipun Adipati Bragolo.

Saderengipun seda, Ki Bagus Suta Candra pinaringan julukan PANGERAN SUTA CANDRA lan tanah perdikan miyaripun 36. jung ugi wangsitipun bilih seda jenazahipun supados dipun makam aken wonten PAKUNCEN JERUKLEGI.

Pangeran Suta Candra keagungan putra 3 (tiga) inggih menika :

1. Kendal Bagus Suta Candra II
2. Sawenggang Pati
3. Tumenggung Yudanegara

Amargi jasanipun Pangeran Suta Candra dumateng Kraton Mataram, mila putranipun inggih menika Kendal Bagus Suta Candra II dipun boyong dateng Mataram, dipun dadosaken / dipun angkat Adipati Gedong.

Ingkang dipun tilar wonten Jeruklegi inggih menika : Sawenggang Pati, Temanggung Yudanegara.

Tumenggung Yudanegara keagungan putra 12 (dua belas) :
1. Estri Krama manten Demang Pasir
2. Suta Krama, Demang Ajibarang / Sindang Barang
3. Merta Diwengsa, Demang Mandiraja
4. Wangsengrana, Demang Jeruklegi

Putra ingkang 8 (delapan) mboten kasebat

Wangsengrana (Demang Jeruklegi)
krama kalian mbayunipun Danureja ingkang asmanipun : Nyai Raden. Kagungan putra 4 (empat) inggih menika
1. Panca Manis (Demang Jeruklegi)
2. Panca Panitih (Demang Kalimanah / Purbalingga)
3. Panca Suwirya (Demang Jeruklegi)
4. Panca Kenteki (Demang Cilibang)

Salinan di Jeruklegi, 1 Oktober 1976
Sekian jung artinya luas tanah yang jadi pelungguh jabatan tersebut, mungkin sama dengan bengkok untuk lurah yang dipilih.
Bupati Gedong Tengen / Kiwo hanya berlaku di Keraton, bertanggungjawab atas administrasi dan keuangan.

PATIH KRAMAYUDA

Ing Majenang
Mendet jejer apit Ki Mas Patih Kramayuda ing Majenang, seda Jumuwah Pon ping 19 Sura Wawa angka 1777 jam 3 siyang utawi ping 15 Desember 1848, kapetek Septu Wage 20 Sura 1777 Wawu utawi ping 16/12 – 1848 jam 4 sonten, kesarehaken tilas batur dalam Kabupaten Majenang.

Puputra 3 :
1. M. Ajeng Wadana Majenang Wiradikrama
2. M. Ajeng AW Karangpucung Kramawijaya, puputra 1 saking waktu krama M. Yudadikiama.
3. R. Rangga Patih Kramareja in Cilacap, seda 18/19-1891, kapetek dinten Ngahad Paing ping 20/9-1891 ing Karangsuci

Sumber : Dr. Soedarmadji, Purwokerto.

K. R. Adipari Tjakrawedana II
K. R. T. Tjakradimedja 1846 – 1849
Bupati Cilacap I 1856 – 1873
Tumenggung Sedo Loji

Para Istri dan Putera :
a. R. Ayu Rangga Tjakradimedja
b. R. Ayu Tumenggung Tjakradimedja, bercerai
c. R. Ayu Adipati Tjakrawedana 2, 3, 4, 6, 8, 11, 12, 16
d. M. Aji Tedja, bercerai 5, 7
e. M. Aji Tisna, 9, 10, 13, 15

f. Bok. Aj. Sri 14, 17, 18, 19

K.R. Adipati Aria Tjakrawerdaja
O.O.N.G.G. St.G.S
R.M. Gatot
K.R.M.T. Panji Tjakrawerdaja
Bupati Cilacap IV 1882 – 1927

1. R. Ayu Adipati Ario Sosrowerdojo (Siti Soepijah), istri Bupati Indramayu 1917.
2. R. Ayu Soegirwo Mangkoesogirwo (Maknawiyah) [9.4.4.] istri Dokter DKR Majenang; Mantan Tahu, 1913
3. R. Ayu Tumenggung Sarwoko Mangoenkoesoemo 4. K.R.M.A.A. Tjokrosiwojo (Aboesoedjak), G.S. (B.Sch), Bupati Cilacap V 1927 – 1949.
5. R.M. Tjokroatmodjo (Soedita) (20:12:13:10C), Patih Kantor Karesidenan Banyumas, Purwokerto; Manta, di Cilacap
6. R.M. Soebagjo Tjokrodiprodjo, Bupati Ponorogo 1945-1947, Mantan diYogyakarta
7. R. Ayu Soengeb Reksoatmodjo (Soertijah) (16.10.6) istri Walikota Tegal, Mantan di Jakarta.
8. R. Ayu Tumenggung Mertapoera (Koestijah) (12.1.27), wilayah Cirebon, Mantan di Solo.
9. K.R.M.T. Soegirwo Tjokronagoro, Kepala DPU Wilayah Cirebon, Mantan di Solo
10. R.M. Soewarko Tjakrawerdaja, Pegawai DPUK Cilacap. Salah satu putera Dr. H. Soebijakto Tjakrawerdaja, Mantan Menteri Koperasi & UMKM Era Presiden Soeharto
11. R. Ayu Slamet Sampoerna Kolopaking Tjokrowiseno (Soeemah), istri Bupati Bekasi

Sumber : Dr. Soedarmadji, Poerwokerto,

Tidak ada komentar: